BASA JAWA KELAS XII BUDAYA WEWALER
Wewaler podho karo gugon tuhon.Gugon tuhon yaiku ngandel marang prakara sing dianggep duwe kadayan ngungkuli kodrat,mangka sanyatane ora. Gugon tuhon ing mandyaning masyarakat jawa diarani pepali utawa larangan. Gugon Tuhon 1. Gugon tuhon salugu yaiku bocah utawa wong sing dadi mangsane Bathara kala miturut dongeng yaiku bocah sukerta. 2.Gugon tuhon wasita sinandi yaiku kalebu pitutur sing ora kalairake kanthi melok.Akeh nggunakake tembung boten ilok utawa ora ilok sing sejatine ngemu teges ora becik. 3.Gugon tuhon kalebu wewaler yaiku wewaler saka leluhur utawa wong sing dadi cikal bakal amarga nindakake sawijining bab,banjur wewaler kanggo anak putu supaya ora melu nindakake. Budaya jawa kaperang dadi loro arupa pituduh lan wewaler.kabeh ngandhut 6 perkara yaiku Ketuhanan Yang Maha Esa,rohani, kamanungsan,kabangsan,kulawarga,lan kadonyan. Pituduh mungguhe bebrayan jawa, pituduh urip kaperang dadi 6 perkara yaiku: 1. pituduh magepokan karo gusti kang maha wisesa 2. pituduh...