Postingan

Menampilkan postingan dari Januari, 2020

BASA JAWA KELAS XII ALAM SAWEGUNG

Geguritan iku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu.Cacahe larik,cacahe wanda , cacahe pada ,tembung-tembung kang dipilih,lan surasane kabeh merdika utawa bebas. A. Maca lan nanggapi isine teks geguritan sarta niteni perangan-perangane              Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor iki. a. Maca kanthi premati,yen prelu dibolan-baleni. b. Nghatekake ubungane larikn siji lan sijine , banjur menehi tandha ngaso(/) utawa sigeg(//) c. Golekana tegese tembung-tembung iang angel utawa aneh. bisa tegese lugu,entar,utawa lambang d. Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite e. Tambahana tembung utawa wanda saengga ukurane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe B. Nemokake tuntunan kang dikandhut ing teks geguritan lan njumbuhake karo kahanane bebrayan.     Geguritan iku umume digawe dening panggurite kanggo nuduhake rasa marang kahanan. ana kang ngambarake rasa bungah,...

BAHASA JAWA KELAS XI NGAWEKANI AKEHE INFORMASi

ing jaman kemajuan wong mbutuhake informasi kang awujud pawarta utawa liyane kalebu iklan.Awit saka akehe iklan wong nganti bingung dhewe arep milih sing endi.ing jaman kang sarwa modern iki iklan bisa ditemoni ing sandhengah papan panggonan.Ora mung mligi ing spanduk,pamflet,koran,ananging radio,tv internet uga wis akeh kegunaane kanggo masang iklan. A. Ngerembug teks iklan          iklan iku mujudake kabar utawa pesen kanggo njurung utawa mbujuk marang bebrayan supaya tuku utawa nggunakake barang kang ditawakake. Dene unsur-unsur iklan ing antarane yaiku: 1.jeneng barang utawa jasa kang ditawakake  2. pihak utawa pawongan kang masang 3.alamate sing masang 4.kahanan serta mamfaat barang utawa jasa kang ditawakake. Titikane basa iklan yaiku: 1. Migunakake slogan  2. ukurane persuasi utawa mbujuk wong liya 3. migunakake subjek wong kapisan. B .  Nulis teks iklan  ▪ sing dituju kudu cetha  ▪sing ngirim kudi cetha  ▪ barang utawa jasa ...

BAHASA JAWA KELAS X PAWARTA

Pawarta yaiku cathetan kadadeyan utawa prastawa kang diwedharake ing sajroning tulisan ing media cetak, utawa laporan ing media elektronik.Kadadeyan utawa prastawa kang diwedharake iku awujud kadadeyan saben wektu sing ana ing ndonya iki, umpamane: lindhu (gempa bumi), perang, rudapeksa (pemerkosaan), banjir, lan liya-liyane.Pawarta ingkang becik yaiku sing kalebet ing njerone 5W + 1H, beritane aktual, wigati, faktual, lan, Narik Kawigaten. Tujuan pawarta Nyusun laporan kemempengan mubarang prusahaan saanggon singkat, padat lan atraktif, supaya masyarakat meruhi misi prusahaan, utawa organisasi.  Jenis-Jenis Pawarta Miturut bentuke, pawarta iku dibagi dados 4 jenis, antarane wonten pawarta cetak, wonten pawarta siaran, wonten pawarta internet, lan wonten pawarta lisan. 1. Pawarta Cetak.     Pawarta cetak yaiku pawarta ingkang dicetak utawa diprint marang kertas lan sakjenise, contone kaya koran lan majalah. 2. Pawarta Siaran....

BASA JAWA KELAS XI NGLESTARIKAKE KABUDAYAN

Serat wedhatama anggitane KGPAA Mangkunegara IV kajaba ngemot pupuh Pangkur lan pupuh Sinom uga ngemot pupuh Pocung.Pupuh Pocung mujudake pupuh kang kaping telu,isine 15 pada. A.  Maca lan nanggapi teks serat wedhatama pupuh pocung lan nitik guru gatra,guru lagu , lan guru wilangan Pocung Ngelmu iku,kalakone kanthi laku,  Lekase lawan kas, Tegese kas nyantosani, Setya budya pangese dur angkara. Pupuh pocung ing serat wedhatama ngemot tembang cacahe 15 pada (bait),wiwit saka tembung 'Ngelmu iku...' tekan tembung  'angkasa'. Guru gatrane saben sapada tembang Pocung ana 4 . Guru lagune tembang Pocung yaiku u,a,i,a. Guru wilangane tembang pocung yaiku 12,6,8,12 . Supaya gampang dieling-eling,guru wilangan lan guru lagune tembang pocung, biasabe ditulis 12u,6a,8i,12a. B.  Nemokake tuntunan ing serat wedhatama pupuh pocung lan njumbuhake karo kahanane bebrayan pada iki mung salah siji saka 15 pada ing pupuh pocung serat Wedhatama.Saka pada k...