BAHASA JAWA KELAS XI NGAWEKANI AKEHE INFORMASi
ing jaman kemajuan wong mbutuhake informasi kang awujud pawarta utawa liyane kalebu iklan.Awit saka akehe iklan wong nganti bingung dhewe arep milih sing endi.ing jaman kang sarwa modern iki iklan bisa ditemoni ing sandhengah papan panggonan.Ora mung mligi ing spanduk,pamflet,koran,ananging radio,tv internet uga wis akeh kegunaane kanggo masang iklan.
A. Ngerembug teks iklan
iklan iku mujudake kabar utawa pesen kanggo njurung utawa mbujuk marang bebrayan supaya tuku utawa nggunakake barang kang ditawakake.
Dene unsur-unsur iklan ing antarane yaiku:
1.jeneng barang utawa jasa kang ditawakake
2. pihak utawa pawongan kang masang
3.alamate sing masang
4.kahanan serta mamfaat barang utawa jasa kang ditawakake.
Titikane basa iklan yaiku:
1.Migunakake slogan
2. ukurane persuasi utawa mbujuk wong liya
3. migunakake subjek wong kapisan.
B. Nulis teks iklan
▪ sing dituju kudu cetha
▪sing ngirim kudi cetha
▪ barang utawa jasa sing ditawakake kudi cetha
▪ narik kawigaten sing maca
▪nuwuhake rasa penging nduweni barang sing ditawakake
C. Cara nulis iklan
1. temtokna ancase iklan
2.gawe cengkorongan kang dumadi saka pawarta
3.Ngrembakake cengkorongan dadi iklan kang wutuh,nganggo basa kang prasaja,cekak,menetes,cetha,sopan uga narik kawigaten.
D. Nyuguhake teks iklan
maca teks iklan tegese menehake informasi marang wong liya.becike nggatekake babagan ing ngisor iki:
1. paham isine iklan. kalebu basa uga pangucapane tembung kang rinakit ing teks iklan
2.swara sarta pangucaping tembung kudu cetha lan trep
3.menawa awujud pacelathon kudu njumbuhake karakter paraga kang digambarake
sumber gegaran nyinau basa jawa2 kelas XI sma/smk/ma yudhistira
Mengepresiasi
BalasHapusBaguss
BalasHapus👍
BalasHapusKerenn👍
BalasHapusSiip
BalasHapusKeren
BalasHapusSiiippp
BalasHapusBaguss
BalasHapusNice
BalasHapus