BASA JAWA KELAS XII ALAM SAWEGUNG

Geguritan iku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu.Cacahe larik,cacahe wanda , cacahe pada ,tembung-tembung kang dipilih,lan surasane kabeh merdika utawa bebas.

A. Maca lan nanggapi isine teks geguritan sarta niteni perangan-perangane 
   
        Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor iki.
a. Maca kanthi premati,yen prelu dibolan-baleni.
b. Nghatekake ubungane larikn siji lan sijine , banjur menehi tandha ngaso(/) utawa sigeg(//)
c. Golekana tegese tembung-tembung iang angel utawa aneh. bisa tegese lugu,entar,utawa lambang
d. Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite
e. Tambahana tembung utawa wanda saengga ukurane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe

B. Nemokake tuntunan kang dikandhut ing teks geguritan lan njumbuhake karo kahanane bebrayan.
    Geguritan iku umume digawe dening panggurite kanggo nuduhake rasa marang kahanan. ana kang ngambarake rasa bungah, rasa sedhih, nggrantes,utawa malah nggambarake rasa serik kang kepati-pati marang kahanan.

C. Nulis geguritan nggunakake ragam basa kang jumbuh utawa cocog karo konteks lan pranatan utawa aturan

a. Ora kaiket dening aturan utawa pranata guru gatra , guru wilangan,guru lagu,lan sapanunggalane
b. Ngutamakake isi kang mentes,apik,endah,lan becik
c. bisa nggunakake lelewane basa
d. isine bisa pitutur, paweling, kritik,protes,nyindhir,nggresah,pamundhut lan sapanunggalane




sumber gegarab nyinau basa jawa3 kelas XII sma/smk/ma yudhistira

Komentar

Posting Komentar