BASA JAWA KELAS XI NGLESTARIKAKE KABUDAYAN

Serat wedhatama anggitane KGPAA Mangkunegara IV kajaba ngemot pupuh Pangkur lan pupuh Sinom uga ngemot pupuh Pocung.Pupuh Pocung mujudake pupuh kang kaping telu,isine 15 pada.

A.  Maca lan nanggapi teks serat wedhatama pupuh pocung lan nitik guru gatra,guru lagu , lan guru wilangan

Pocung

Ngelmu iku,kalakone kanthi laku,
 Lekase lawan kas,
Tegese kas nyantosani,
Setya budya pangese dur angkara.


  • Pupuh pocung ing serat wedhatama ngemot tembang cacahe 15 pada (bait),wiwit saka tembung 'Ngelmu iku...' tekan tembung  'angkasa'.
  • Guru gatrane saben sapada tembang Pocung ana 4.
  • Guru lagune tembang Pocung yaiku u,a,i,a.
  • Guru wilangane tembang pocung yaiku 12,6,8,12.
  • Supaya gampang dieling-eling,guru wilangan lan guru lagune tembang pocung, biasabe ditulis 12u,6a,8i,12a.
B.  Nemokake tuntunan ing serat wedhatama pupuh pocung lan njumbuhake karo kahanane bebrayan

pada iki mung salah siji saka 15 pada ing pupuh pocung serat Wedhatama.Saka pada kang wis dijarwakake dadi basa indonesia mau bisa ditemokake tuntunan ing urip, upamane:
》 Manungsa kudu duwe ngilmu kanthi cara ngudi /usaha.
》Anggone usaha diwiwiti kanthi kas.
》Kang di karepake kas yaiku ana daya kang njalari kuwat lan santosa.
》Santosa kanthi setya marang budaya kanggo mbentengi tuwuh lan wekare patrap angkara murka.

C. Mbedhah perangane Serat wedhatama pupuh Pocung

kaya kang diandharakake ing duwur,tembang Pocung iku dibangun saka larikan-larikan kang diarani guru gatra cacahe patang gatra. Wiwit gatra sepisan nganti gatra kapat kabeh ana aturane.Aturan iku bisa dienggo gondhelan nalika ngarang tembang Pocung.

D. Nulis cakepan tembang Pocung

Nulis tembang pocung iku kudu manut aturan kang gumathok kang disebutake ing dhuwur mau. Aturan kang gumathok iku guru gatra,guru wilangan ,lan guru lagu.Supaya bisa nulis cakepan tembang Pocung,wiwitanan kanthi gawe ukara bebas.Ukara bebas mah banjur dicocogake guru gatra ,guru wilangan ,lan guru lagune.


sumber : Gegaran Nyinau basa jawa 2 yudhistira



  





Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

BASA JAWA KELAS XII BUDAYA WEWALER