BAHASA JAWA KELAS X PAWARTA

Pawarta yaiku cathetan kadadeyan utawa prastawa kang diwedharake ing sajroning tulisan ing media cetak, utawa laporan ing media elektronik.Kadadeyan utawa prastawa kang diwedharake iku awujud kadadeyan saben wektu sing ana ing ndonya iki, umpamane: lindhu (gempa bumi), perang, rudapeksa (pemerkosaan), banjir, lan liya-liyane.Pawarta ingkang becik yaiku sing kalebet ing njerone 5W + 1H, beritane aktual, wigati, faktual, lan, Narik Kawigaten.

Tujuan pawarta
Nyusun laporan kemempengan mubarang prusahaan saanggon singkat, padat lan atraktif, supaya masyarakat meruhi misi prusahaan, utawa organisasi. 

Jenis-Jenis Pawarta
Miturut bentuke, pawarta iku dibagi dados 4 jenis, antarane wonten pawarta cetak, wonten pawarta siaran, wonten pawarta internet, lan wonten pawarta lisan.

1. Pawarta Cetak.
    Pawarta cetak yaiku pawarta ingkang dicetak utawa diprint marang kertas lan sakjenise, contone kaya koran lan majalah.

2. Pawarta Siaran.
Pawarta siaran yaiku pawarta ingkang migunakake lisan lan media kangge nyiaraken pawarta, contone kaya berita ing Tv One lan berita ing Jogja Tv.

3. Pawarta Internet.
   Pawarta Internet yaiku pawarta ingkang saged awujud tulisan lan video sing dicawisake lewat media internet. Contone kaya koran digital lan pawarta wonten youtube.

4. Pawarta Lisan.
 Pawarta lisan yaiku pawarta ingkang migunakake pocapan lan mboten migunakake media serta saged dicawisake saka sapa wae. Contone kaya bapak cerita marang keluarga.

Sifat pawarta 

1. Aktual (anyar). Pawarta sing anyar luwih duweni aji dibandingna pawarta sing kedadean wis lawas 
2. Jarak (adoh / cerak). Masyarakat luwih ketarik marang pawarta sing kedadean neng sekitar dekne dibandingna karo kedadean neng enggon sing luwih adoh 
3. Penting. Samubarang dadi pawarta wektu dianggep penting, amarga ngaruh nang kuripan langsung, tuladhane : UU larangan ngrokok 
4. Akibat. Samubarang dadi pawarta amarga duweni dampak sing gedhe, tuladhane : penayangan film fitna neng situs youtube 
5. Konflik 
6. Gender, tuladhane : kaya perceraian, perselingkuhan, lan liya liyane 
7. Ketegangan, tuladhane kaya pas wektu pelantikan presiden 
8. Kamajuan - kamajuan. Inovasi anyar utawa owah - owahan 
9. Emosi, samubarang sing yen dikabarke marahi nggawe nesu, sedih, getun. Tuladhane : pawarta babagan bayi anyar lair sing ditemokake neng sampah 
10. Humor


Sumber:https://brainly.co.id/tugas/6075304.https://sinaubahasajawapawarta.blogspot.com/2018/04/pawartaberitanews.html?m=1.


Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

BASA JAWA KELAS XII BUDAYA WEWALER