BASA JAWA KELAS XII BUDAYA WEWALER

Wewaler podho karo gugon tuhon.Gugon tuhon yaiku ngandel marang prakara sing dianggep duwe kadayan ngungkuli kodrat,mangka sanyatane ora. Gugon tuhon ing mandyaning masyarakat jawa diarani pepali utawa larangan.

Gugon Tuhon
1. Gugon tuhon salugu yaiku bocah utawa wong sing dadi mangsane Bathara kala miturut dongeng yaiku bocah sukerta.
2.Gugon tuhon wasita sinandi yaiku kalebu pitutur sing ora kalairake kanthi melok.Akeh nggunakake tembung boten ilok utawa ora ilok sing sejatine ngemu teges ora becik.
3.Gugon tuhon kalebu wewaler yaiku wewaler saka leluhur utawa wong sing dadi cikal bakal amarga nindakake sawijining bab,banjur wewaler kanggo anak putu supaya ora melu nindakake.

Budaya jawa kaperang dadi loro arupa pituduh lan wewaler.kabeh ngandhut 6 perkara yaiku Ketuhanan Yang Maha Esa,rohani, kamanungsan,kabangsan,kulawarga,lan kadonyan.

Pituduh 
  mungguhe bebrayan jawa, pituduh urip kaperang dadi 6 perkara yaiku:
1. pituduh magepokan karo gusti kang maha wisesa
2. pituduh kang magepokan karo rohani
3. pituduh magepokan karo kamanungsan
4.pituduh kang magepokan karo kabangsan
5. pituduh kang magepokan karo kulawarga
6. pituduh kang magepokan karo kadonyan

Wewaler
   kaya dene pituduh 
1. Wewaler kang magepokan karo Gusti Kang Murbeng Urip
2.Wewaler kang magepokan karo rohani
3.Wewaler kang magepokan karo kamanungsan
4.Wewaler kang magepokan karo kabangsan
5.Wewaler kang magepokan karo kulawarga
6.Wewaler kang magepokan karo kadonyan

sumber gegarab nyinau basa jawa3 kelas XII sma/smk/ma yudhistira

Komentar

Posting Komentar